RENUNGAN DARI SEBUAH BERITA DUKA

Kaget, ora percoyo, lemes, gemeter, sedih, kabeh gabung dadi siji. Krungu berita iki koyo bledek pas grimis mau sore.
Kabeh wis dadi suratan takdir, uripe uwong ora enek sing ngerti dalane kecuali Gusti Allah.

Biantoro...
Ora enek kenangan elek blas tentang wonge. Kabeh uwong sing kenal mesti percoyo yen awake ki bocah apikan.
Lucu, murah senyum, apikan, ora tau nesu yen digarapi bocah-bocah. 
Tapi mungkin wis dadi dalane uwong apikan ki mesti luwih cepet dipundhut. Gusti Allah koyo njogo awake ben tetep apik, dadi dipundhut mumpung ijik apik atine.
Koyo ora adil, tapi emang ngono enek'e.
Kenopo ora kancaku sing mendeman gek polahe mbejijat koyo bangsat wae sing dipundhut. Padahal wis tabrakan nganti sekarat wae ijik iso waras meneh, tapi kenopo yen bocahe apikan koyone gampang banget dipundhute?
Kabeh wis ono sing ngatur, mugo-mugo amal ibadahmu ditompo Gusti Allah Kang Maha Kuwoso Bi.....

( diponk )

Komentar

Postingan Populer